Ludwig Ingwer Nommensen

Ludwig Ingwer Nommensen

Ludwig Ingwer Nommensen (wonten ing wewengkon Batak misuwur minangka Ingwer Ludwig Nommensen utawi I.L. Nommensen; lair ing Nordstrand, Dhénemarken (sapunika Jerman), 6 Fèbruari 1834 – pati ing Sigumpar, Toba Samosir, 23 Mèi 1918 ing umur 84 taun) inggih punika panyebar agami Kristen Protèstan ing antawising bebrayan Batak, Sumatra Lèr[1] ingkang asalipun saking nagari Jerman, nanging langkung kondhang wonten ing Indonésia.[1] Kasil saking pakarayanipun inggih punika yasanipun sawijining gréja paling ageng ing sadengahing tlatah Batak Toba, Huria Kristen Batak Protèstan (HKBP).[1]

  1. a b c F.D. Willem. 1987. Riwayat Hidup Singkat Tokoh-Tokoh Dalam Sajarah Gréja. Jakarta: BPK Gunung Mulia. Hlm. 198, 199.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search